“Ora Le, kowe nyambut gawe apa, kok bisa ngirimi aku dhuwit saben sasi. Gek dhuwit kuwi saka ngendi?”
“Dhuwit olehku kerja Mbok. Aku kerja ana pabrik.”
“Tenane?”
“Tenan Mbok, yakin!”
“Ngene Le, anggon-anggonmu kok kaya ngene? Mung kaosan, clana wae bolong nggon dhengkul, gek mblekethu sisan.”
(Ada terjemahan Bahasa Indonesia di bawah tulisan ini.)
Alon-alon sepur Senja Ekonomi sing daktumpaki wiwit nggremet. Penumpange akeh merga liburan Lebaran. Seg-segan, sing penting bisa katut, bisa mudhik tilik ngomah selak kangen karo simbok lan keluarga. Taun iki libur lebaran meh rong minggu, lumayan tutug kena kanggo dolan-dolan. Baliku nyantai, mung kaosan karo celana jeans. Gawanku ransel isi pakaian sacukupe sing pokok kena kanggo salin. Ora keri oleh-oleh kanggo simbok lan keluarga. Rasane seneng banget enggal-enggala tekan ngomah. Sepur mlaku terus, saben-saben sok mandheg ngedhunake lan ngunggahke penumpang, mengkono sabanjure.
Jam enem esuk wis tekan kutha sing daktuju. Nanging aku isih kudu numpak bis ping pindho. Maklum omahku ana ing pelosok. Mudhun bis sing kapindho aku isih mlaku sepuluh menitan. Rasane mak nyess bakal ketemu Simbok lan keluarga. Maklum olehe mudhik mung setaun sepisan.
Liwat plataran, aku terus mlebu omah. Simbok kaget terus ngruket aku. Keluarga saomah padha njredhul nyalami aku rasane seneng aku mudhik tilik keluarga. Simbok nyawang aku wiwit saka sirah tekan sikil. Suwe-suwe nggugruk nangis.
“Wis, wis Le sesuk maneh ora usah bali, golek gawean ana kene wae saanane!”
“Lho piye ta Mbok?”
“Ora Le, kowe nyambut gawe apa, kok bisa ngirimi aku dhuwit saben sasi. Gek dhuwit kuwi saka ngendi?”
“Dhuwit olehku kerja Mbok. Aku kerja ana pabrik.”
“Tenane?”
“Tenan Mbok, yakin!”
“Ngene Le, anggon-anggonmu kok kaya ngene? Mung kaosan, clana wae bolong nggon dhengkul, gek mblekethu sisan.”
Bakda Simbok crita mangkono aku dadi mudheng.
“Ngene Mbok”, aku banjur njlentrehake, “iki jenenge pakaian nge-trend. Gaya gaul.”
“Gaul ki kepiye?”
“Gaul ki sing saiki lagi ngembrah dienggo cah nom-noman, Clana Jean Dhengkule Bolong.”
“Ooo…, ngono ta Le?”
“Nek Simbok tindak kutha, mengko Simbok pirsa akeh nom-noman padha nganggo clana jean sing dhengkule bolong.”
Wusanane Simbok mudheng lan manthuk-manthuk. Brayatku sing meruhi kedadean mau padha gerrr… ngekek. Kedadean iki nalika Clana Jean Dhengkul Bolong dadi modhe; lagi nge-trend lan GAUL. Maklum Simbok ora gaul, Simbok durung gaul.*
Simbok Tidak ‘Gaul’
Pelan-pelan kereta api yang aku naiki mulai merangkak. Penumpangnya banyak karena liburan Lebaran. Berdesak-desakan, yang penting dapat ikut, dapat mudik menengok rumah terburu rindu pada Simbok (ibu) dan keluarga. Tahun ini libur lebaran hampir dua minggu, lumayan dapat berpuas untuk main-main. Pulangku nyantai, hanya berkaos dengan celana jeans. Bawaanku ransel isi pakaian secukupnya yang penting dapat untuk ganti. Tidak lupa oleh-oleh untuk Simbok dan keluarga. Rasanya senang sekali cepat-cepatlah sampai di rumah. Kereta berjalan terus, setiap kali berhenti untuk menurunkan dan menaikkan penumpang, begitu seterusnya.
Pukul enam pagi sudah sampai di kota yang kutuju, namun aku masih harus naik bis dua kali. Maklum rumahku ada di pelosok. Turun dari bis yang kedua aku masih jalan kaki kira-kira sepuluh menitan. Rasanya mak nyess mau bertemu Simbok dan keluarga. Maklum mudik hanya setahun sekali.
Lewat pekarangan, aku terus masuk rumah. Simbok terkejut lalu memelukku. Keluarga serumah bermunculan menyalamiku merasa senang aku mudik menengok keluarga. Simbok memandangiku mulai dari kepala hingga ke kaki. Lama-lama sesenggukan menangis.
“Sudah, sudah Nak, besok lagi tidak usah kembali, cari kerjaan di sini saja seadanya!”
“Lho kenapa to Mbok?”
“Tidak Nak, kamu ini kerja apa, kok dapat mengirimi aku uang tiap bulan. Lalu uang itu darimana?”
“Uang dari hasil aku kerja, Mbok. Aku kerja di pabrik.”
“Betul begitu?”
“Betul Mbok, yakin!”
“Begini Nak.., pakaianmu kok seperti ini? Hanya berkaos, celana saja berlubang di lutut, juga lusuh. lagi”
Setelah Simbok bercerita seperti itu, barulah aku paham.
“Begini Mbok”, aku lalu menerangkan, “ini namanya pakaian nge-trend. Gaya ‘gaul’.”
“Gaul itu bagaimana?”
“Gaul itu.. apa yang sekarang sedang populer merata dikenakan oleh anak-anak muda, Celana Jean Lutut Bolong.”
“Ooo…, begitu to Nak?”
“Kalau Simbok pergi ke kota, nanti Simbok akan menyaksikan banyak anak muda memakai celana jean yang lututnya bolong.”
Akhirnya Simbok paham dan mengangguk-angguk. Kerabatku yang menyaksikan kejadian itu menjadi gerrr… terkekeh-kekeh. Kejadian ini saat Celana Jean Lutut Bolong sedang menjadi mode; sedang trend dan GAUL. Maklum Simbok tidak gaul, Simbok belum gaul.*
Critane A’an Soetardjo sing kamot ing rubrik Pengalamanku majalah Djaka Lodang no. 47 taun XXXVIII Sabtu Pon 25 April 2009.
12 Komentar sejauh ini
Tinggalkan Komentar








pesen saya : Jangan DigauLi ya…
Komentar oleh ciwir Rabu, 27 Mei 2009 @ 10:49 pmSalam Buat Simbok…
Komentar oleh marsudiyanto Rabu, 27 Mei 2009 @ 11:12 pmkang nur aku rindu rumahku…., aku pulang,…gaul tak selamanya mengenakan.
Komentar oleh ubadbmarko Kamis, 28 Mei 2009 @ 8:59 amsimboke lucu!
Komentar oleh cahsholeh Kamis, 28 Mei 2009 @ 9:16 amsae, sae… Kang Nur.
Komentar oleh bocahmiring Kamis, 28 Mei 2009 @ 9:35 amkalo trend yang gak bagus, mestinya gak usah ditiru. biar aja dibilang gak gaul, daripada terikut arus ke sana ke mari karena gak berprinsip, imo.. ^_^
Komentar oleh tika Kamis, 28 Mei 2009 @ 8:16 pmwelwhhh piye iki son
Komentar oleh echochamber Jumat, 29 Mei 2009 @ 4:07 amblog walking…
Komentar oleh Favian Jumat, 29 Mei 2009 @ 11:11 amsalam kenal ya…
zaman selalu membawa perubahan, seperti halnya melawan tradisi adalah sudah menjadi tradisi sepanjang zaman…
Komentar oleh tengkuputeh Jumat, 29 Mei 2009 @ 6:09 pmzamaneee uedaaaan.. hihihi.. kalau para leluhur menjenguk diketawain tuuuh.. dan gak mau datang lagi.. OOT..
Komentar oleh kangBoed Rabu, 10 Juni 2009 @ 11:46 pmSalam Sayang
aja nganti ngoleh olehi simbok jarik bolong sing gaul , bisa bisa dikemplang mbokmu
Komentar oleh Budi Indriya Sabtu, 12 September 2009 @ 10:27 pmdospundi kabaripun Kang Nur ?
Komentar oleh ariefmas Jumat, 9 Oktober 2009 @ 12:15 am